1
Sumangga makarya pra prajuriting Gusti
martosken kabar kang adya nggih sih rahmat sing swargi
mrih tyang kang peteng ing driya, samya manggih pepadhang yekti.
Sumangga makarya.
2
Sumangga makarya sampun ta ngantos telat,
mbabarken sih tresna nyata mrih tyang dosa mratobat
ywa giris nglawan bebaya wit Gusti nganthi salaminya,
sumangga makarya.
3
Sumangga makarya klayan manteb lan setya,
manggul salib ndherek Gusti mbelani tyang prih ati,
kang tinindhes wah siniya linuwaran temah raharja,
sumangga makarya.