Kidung
KPKA 93 Pangatag Ngabarake Injil
Jml bait: 0
KPKA 92KPKA 94
1
Sumangga pra kanca misungsungken gesang nggih dadya pramitra rencanging Pangeran
martosken Injilnya pangluwaran sing dosa mring saliring bangsa mrih samya wilujenga
2
Tyang miskin kesrakat rinoban sih rahmat tyang kang kinunjara linuwaran sigra
katentreman yekti binabarna ing bumi sagung tyang manembah wah mituhu mring Allah.
3
Injil kabar suci yeku sihing Gusti den undhangna tansah sajagad sumrambah
tyang mblasar ing lampah wah kang wangkot ing manah tinuntun mratobat nampenana sih rahmat
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 92KPKA 94