Kidung
KPKA 87 Sumendhe Ing Gusti
Jml bait: 2
Style: Live8Beat
KPKA 86KPKA 88
1
Kula sumendhe ing Gusti peparang kang santosa
prayogi kula ungseni nyuwun tansah rineksa
nadyan tinilar ing mitra kula mboten perduli
sumanggem mundhi dhawuhnya klayan tulus ing ati
Reff
kula tansah pitados Gusti tan nilar kula
mila kula tan kuwatos gesang manut sabdanya.
2
Kula sumendhe ing Gusti sarwi sengkut makarya
cumadhang tansah leladi ing sakatoging driya,
gegayuhan lan pangudi tan kendhat ing pandonga
Gusti ingkang nyembadani temah kula samekta,
Reff
Referensi Aransemen :
KPKA 87

Cross Reff :
KPJ 123

Reff Style : Live8Beat ; MM 0
KPKA 86KPKA 88