1
Nggen kawula makarya inggih kasar alus
mung Paduka Gusti kang mugi amaringi
pitedah, pamrayogi sarana Roh ingkang suci.
2
Kawula nggih nglenggana pandamel kula nglaha
estu tanpa gun lamun tan binerkahan
dening Allah Pangeran sadaya mung damel cuwa.
3
Dhuh Hyang Kang Maha Adil mugi Paduka nunggil
ing kula slaminya dyan ing salir pakaryan
tanduk lan kalakuwan kula manut reh Paduka.