Kidung
KPKA 80 Kapyarsi Gusti Nimbali
Jml bait: 0
KPKA 79KPKA 81
1
Kapyarsi Gusti nimbali: "He wong kamomotan,
mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran",
kula ngayom maring Gusti temah ayem yekti,
wit sinung kraharjan nyata uwal sing antaka.
2
Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong ngelak, mareka,
nampanana banyu swarga temah urip nyata,"
kula ngungsi maring Gusti sinungan Roh Suci,
tinuntun mrih mursid yekti tresna mring sesami.
3
Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong dosa, mareka,
nampanana kurban suci rah srira sampurna,"
kula pasrah Sang Pamarta sinung sih rahmatnya,
wah ingangkat putreng Allah kang nglantarken berkah.
Referensi Aransemen :
KPKA 80

Cross Reff :
KJ 144b KK 442 KPJ 53 NR 155
KPKA 79KPKA 81