Kidung
KPKA 78 Tinimbalan Dening Gusti
Jml bait: 0
KPKA 77KPKA 79
1
Dhuh Allah Ma kwasa, Gusti nimbali kula,
dados rowang mitra, wah utusan Paduka,
ngundhangken sih rahmat mring sagunging umat,
mrih kratoning Allah sadonya sumrambah.
2
Mugi Sang Roh Suci nggih tansah mitulungi,
mrih kula sembada leladi kanthi setya,
lan tekading manah datan nate semplah,
telatos, taberi wah ing pamrih sepi.


Referensi Aransemen :
KPKA 78

Cross Reff :
NR 153 KPJ 67

Reff Chord : KPKA 78
Chord KPKA 78
KPKA 77KPKA 79