1
Taksih menga kori dhateng swarga, korining nugraha,
mila mangga nulya den ambaha sampun ta semaya,
saiba ta duwungira lamun kineban kori swarga.
Umareka umareka.
2
Sestu begja kawula sadaya nadyan tiyang dosa,
sampun dangu sami dipun antya dening Rama swarga,
pramila sami dipun kebat lumebet koringing sih rahmat.
3
Adhuh Gusti sestu sih Paduka ngeramken tyas kula,
nadyan kula tiyang ingkang nistha pinaringan swarga,
mung wit sihing Allah Sang Rama kori swarga taksih binuka.