Kidung
KPKA 71 Manggul Salib
Jml bait: 0
KPKA 70KPKA 72
1
Gusti Yesus, Sang Pamarta kula ndherek Paduka,
manggul salib ing slaminya klayan bingahing driya,
kula Paduka kiyatken temah tan nate semplah
sampun ngantos kemuriten datan cuwa ing manah.
2
Nadyan tinilar ing mitra sinengitan sudara,
kula manteb ing pracaya ndherek Gusti slaminya,
lamun Gusti ingkang nganthi kabegjan kang pinanggya,
lamun Gusti kang ngasihi sinung kraharjan nyata.
3
Karibedan lan sangsara krana ndherek Paduka
ngiyatken tekading manah ngudi Kratoning Allah,
kula tan lingsem tan wedi nekseni Injil suci,
wit gesang langgeng sayekti ndherek Sang Kristus Gusti.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 137
KPKA 70KPKA 72