Kidung
KPKA 70 Lumadi Ing Gusti
Jml bait: 0
KPKA 69KPKA 71
1
Gusti gesang kawula lumados mring Paduka,
dadya pisungsung yekti mrih kamulyan ing Gusti.
2
Mobah mosiking driya wah rerantaman kula
ngarah luhuring lampah mbabarken karseng Allah.
3
Kedaling ilat kula tindak lampahing gesang,
namung tansah nelakna gunging sihe Pangeran
4
Bandha lan kasagedan katur minangka kurban,
cihnaning bekti Gusti wah nresnani sesami.
5
Gesang sawetahira manut ing reh Paduka,
makarya klayan bingah kagem kratoning Allah.
Referensi Aransemen :
KPKA 70

Cross Reff :
KJ 365c KPJ 159 PS 376 NR 160
KPKA 69KPKA 71