1
Sakehing was sumelangmu pasrahna mring Gusti
Wit saliring mitramu tan bisa mrantasi
Jer sa gunging manungsa nyanggi sumelange
kang pinasrahan tan ana tansah kuwur atine
di enggal pasrahna ing astane Gusti
sagung kuwatirira wus mesthi den tulungi.
2
Yehuwah iku pangenmu pamomong sejati
kang nentremken atimu setya ing pangrukti,
payo prayoga sowan marek Sang Pamarta,
kanthi giyak bebarengan tan mangu ing wardaya.