1
Tyang kang sumarah pracaya kang leladi klayan, setya
misungsungken gesangipun konjuk mring Hyang Maha agung.
2
Tyang mursid kang trusing ati rina wengi nggunggung Gusti,
tansah angantya berkahnya sarta tan kendhat ndedonga.
3
Pangeran Allah Makwasa ngluberken berkah sing swarga,
muwuhi ing sih rahmatnya ngiring ing kasetyanira.