Kidung
KPKA 60 Allah Pangen Kula
Jml bait: 0
KPKA 59KPKA 61
1
Allah yeku pangen kula kang gung sih tresnanya
Kula tansah rinimatan srana gung kadarman.
2
Kula tansah den ayomi mila ayem yekti
tinuntun ing margi adi wit asmaning Gusti.
3
Kula tan ajrih bilai wit kinanthi Gusti,
wah slaminya pangreksanya temah kula begja.
4
Nadyan sinatru tyang kathah nging ayem ing manah,
Allah ngluberken sih rahmat berkahnya tan kendhat.
5
Kula rinoban kabegjan salamining gesang,
saha manggen lan memuji ing daleming Gusti.
Referensi Aransemen :
KPKA 60

Cross Reff :
KK 371 KJ 285 NR 118A
KPKA 59KPKA 61