Kidung
KPKA 59 Nyuwun Luwar Sing Karupekan
Jml bait: 0
KPKA 58KPKA 60
1
Dhuh Allah kang Ma suci mugi Gusti melasi
sampun ngukum kula merdi klayan bramantya
nging enggal den entasna sing sisah sangsara.
2
Dhuh Allah Kang Makwasa ngrentahna sih wilasa,
kula kadya pejah wit manah lesah semplah,
nging yen luwar sing pati tansah nggunggung Gusti.
3
Dhuh Allah Kang Matresna nglubema kawlasanta,
rinten dalah ratri luh tangis tansah mili,
angantya pangluwaran sing gung karupekan.
4
Dhuh Allah Kang Maluhur puji panuwun katur,
wit gunging sih rahmat myarsakna mring pasambat,
ngluwari sing tyang nyatru, wah sung tentrem sestu.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPJ 100
KPKA 58KPKA 60