1
Dhuh Gusti kang Mawilasa mugi paring aksama
kula getun de klepatan nglawan dhateng Pangeran
nglirwakken dhawuh Paduka manut hardaning dosa
temah tan ngraosken tentrem tebih sing gesang langgeng
2
Dhuh Gusti kang Mahatresna mugi ngruwat kawula,
temah kula dados suci tetunggilan lan Gusti,
manah kang peteng wit dosa enggal pulih lejara,
pangajeng-ajeng binuka ngener mring Allah Rama
3
Dhuh Gusti kang Mahakwasa mugi nuntun kawula,
ngambah ing margi utami mbangun turut mring Gusti,
nyingkur mring karseng pribadi wit kwasaning Roh Suci,
nglawan kapencuting donya mrih raharja slaminya.