1
Allah Kang Ma kwasa yekti gung tresnanya jumeneng Pamarta kang ngruwat dosa
salir tyang pracaya luwar sing antaka lamun tansah setya mlebet mring swarga.
sung sembah puja konjuk Sang Rama kang paring nugraha tentrem raharja
sung sembah bekti konjuk mring Gusti kang paring basuki nggih gesang yekti.
2
Gusti kang Mamirah ngrentahken gung berkah, tyang nandhang sangsara manggih waluya, saliring pra umat tan kendhat rinimat, srana peparingnya nadyan prasaja,
3
Rama kang Maagung kang paring pitulung, nglipur manah sisah mrih datan semplah,
njangkung kagungannya temah tansah begja, gesang mursid yekti dumugeng janji,
4
Pangeran murbeng rat ngluberken sih rahmat, mbelani tyang leres saking panindhes,
nunggil tyang pracaya temahan santosa, ngundhangken Injilnya wrata sadonya,