Kidung
KPKA 33 Sawernaning Puji
Jml bait: 0
KPKA 32KPKA 34
1
Sawernaning puji kanthi trusing ati mring Allah kang Maha mirah
dening sagunging tumitah wit tansah rinoban berkah.
2
Saliring panuwun dalah masmur kidung, mring Allah tuking gung berkah,
dening kang samya pracaya wit sinung tentrem raharja.
3
Sagunging panggunggung dalasan pisungsung, mring Allah Gustining titah,
dening saliring pra umat wit rinentahan sih rahmat.
4
Sakathahing sokur srana lampah luhur, mring Gusti yeku Hyang Widi,
dening sagung pasamuwan wit rinoban ing kabegjan.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPS 16 KPJ 34
KPKA 32KPKA 34