Kidung
KPKA 32 Sembah Bekti Konjuk Gusti
Jml bait: 0
KPKA 31KPKA 33
1
Sembah bekti wah puji konjuk ngarseng Gusti
kang mberkahi grejanya temah tansah begja
Injil kratoning Allah ingundhangken sumrambah
asmanya kamulyakna dening sagung bangsa.
2
Sagung kidung kamulyan konjuk mring Pangeran,
dalah pisungsung sokur wit berkahe mancur,
wah pangengennya nyata yogya pra umat setya,
asmanya kamulyakna dening kagungannya.
3
Salir kidung panggunggung konjuk Hyang Maagung,
tansah sung pitulungan maring pasamuwan,
nadyan panggodha nempah rineksa mrih tan dhawah,
asmanya kamulyakna dening tyang pracaya.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPS 13
KPKA 31KPKA 33