Kidung
KPKA 289 Nyuwun Panuntuning Roh Suci
Jml bait: 0
KPKA 288KPKA 290
1
Dhuh Gusti Sang Roh Suci mugi rawuh ing ati,
Nganyarna manah kula mrih ing lampah prayoga,
setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami,
wit panuntun Paduka kula gesang sembada.
2
Dhuh Roh Suci, Roh Allah, nggih nyantosakna manah,
lamun karoban sisah, tatag, tanggon, tan semplah,
manggul salib wit Gusti martosken Injil suci,
wit panuntun Paduka, gesang kula sembada.
3
Dhuh Roh Suci, Roh Kristus, nuwuhna manah tulus,
andum berkah kabegjan, tan mawang mring salir tyang,
temah tentrem raharja, sumrambah mring pepadha,
wit panuntun paduka, kula gesang sembada.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 95
KPKA 288KPKA 290