1
Dhuh Yesus Gusti, punapa dosanta, nadyan Masuci nging sinalib seda ?
krana sih tresna Paduka mring kula, Gusti toh nyawa.
2
Dhuh Ratuning rat, punapa sebabnya makuthanta ri sinami durjana ?
mrih salir umat rinoban sih rahmat. luwar sing laknat.
3
Dhuh Imam Agung margine punapa sriranta suwung dados kurban nyata ?
mrih sagung titah dados putreng Allah luber ing berkah.
4
Dhuh Nabi Yekti napa ndika klentu? de katrap pati krana seksi palsu
wit nebus jalma sing kwasaning dosa mrih gesang nyata.