Kidung
KPKA 263 Etuking Karahayon
Jml bait: 0
KPKA 262KPKA 264
1
Wonten rah kang suci mancur neng ardi Golgota
nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa
kang ngicalken dosa kang ngicalken dosa
nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa.
2
Wonten rah kang suci mili neng Golgota ardi,
rahing Putranipun Allah sung gesang slaminya,
sung gesang slaminya sung gesang slaminya,
rahing Putranipun Allah sung gesang slaminya.
3
Mblabar rah Suci tan dosa ing salibing laknat,
rahing kurban kang sampurna ngluberken sih rahmat,
ngluberken sih rahmat ngluberken sih rahmat
rahing kurban kang sampurna ngluberken sih rahmat.
4
Wonten rah kang suci wutah ing salib kang nistha,
rahing kurban kang sejati kang nuntun mring swargi,
kang nuntun mring swargi kang nuntun mring swargi,
rahing kurban kang sejati kang nuntun mring swargi.
Referensi Aransemen :
KPKA 263

Cross Reff :
KJ 35 KK 242 KP 12 KPK 76 KPS 118
KPKA 262KPKA 264