1
Sumangga prakanca marek ngarsaning Gusti
anggunggung asmanya wit sihe kang sejati
de krana Kang Putra kita tansah begja
siang dalah ratri Gusti kang ngrimati
2
Yehuwah Makwasa kang paring kabingahan,
lan tentrem raharja dugeng jaman klanggengan,
krana Yesus Gusti maringken Roh Suci,
kita dados panggah mituhu mring Allah.
3
Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti,
kawula anggunggung kanthi sruning pangidung,
Allah ingkang murba pra titah sadaya,
mung Allah pribadya langgeng salaminya.