1
Swawi pra suci nyawiji tunggal Ati
sami ngabekti memuji mring Gusti
Ajrih sumelang sedhih lan kasangsaran
ginantos kabegjan sihing Pangeran.
2
Ngidung tan kendhat sru nggunggung Kang Murbengrat,
ngetung mukjijad lan sagung sih rahmat,
lubering berkah sing swargi tansah tumrah,
nyantosakken manah nyirnakken semplah.
3
Tansah ndedonga sumarah mring Sang Rama
miwah rumantya nglawan mring panggodha,
pra tyang pracaya klayan saeka praya,
silih mbiyantonana amrih jaya.