Kidung
KPKA 249 Gusti Yesus Sinalib
Jml bait: 0
KPKA 248KPKA 250
1
Gusti Yesus sinalib, sinrahken Allah priyangngga,
karsa nyangga paukuman myang laknat dados lintuning jagad.
2
Gusti Yesus sinalib sinami lan tiyang dosa,
nging yektine dosa duraka kita sinanggi ing sriranya.
3
Gusti Yesus sinalib ngurbanken srira pribadya,
mrih manungsa rukun klayan Sang Rama temah gesang raharja.
4
Gusti Yesus sinalib nyirnakken kwasaning dosa,
marginira rukuning sagung jalma tan mawang liyan bangsa.
5
Gusti Yesus sinalib nyirnakken dayaning pati,
tyang pracaya tinuntun gesang suci wah tresna trusing ati.
6
Gusti Yesus sinalib nepangken jagad lan swarga,
mrih pra jalma manjing putraning Allah dados margining berkah,
7
Gusti Yesus sinalib wit sing gunging sih tresnane,
prayogane kita ndherek tindaknya mbangun turut Sang Rama.
Referensi Aransemen :
KPKA 249

Cross Reff :
KPJ 257 KP 10 KPK 74
KPKA 248KPKA 250