Kidung
KPKA 248 Sangsaraning Gusti
Jml bait: 0
KPKA 247KPKA 249
1
Saiba sangsaraning Gusti anyanggi bebendu
nadyan tan dosa nging sinami lir durjana satru
ingukum kisas nggegirisi tan kendat siniya
jinemalan lajeng kasalib anemahi seda.
2
Sanadyan Gusti tanpa dosa nglampahi pinenthang,
nggenNya ngrembat dosaning jagad tumanduk salir tyang,
nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya,
karsanya nebus tiyang kathah nggih kula sadaya.
3
Gusti sinalib ambabarken sihe Allah Rama
ingkang Putra den tegakaken mrih kraharjan kula,
saiba sih piwlase Allah dhateng tiyang dosa,
sami pinaringan apura lantaran kang Putra.
4
Sinalibing Gusti ngosikken tyas kula sadaya,
ngraosaken labuh labetnya anombokken nyawa,
sestu kula rumaos begja tampi katresnannya,
prayogi yen kula wangsuli pitados wah bekti.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 73
KPKA 247KPKA 249