Kidung
KPKA 243 Rawuhing Ratu Adil
Jml bait: 0
KPKA 242KPKA 244
1
Kabingahan kang sejati nyrambahi ing bumi
Ratu adil sampun prapti jagad tentrem yekti
manungsa basuki makluk wrata saos bekti.
2
Karaharjan kang sanyata tumrah mring manungsa,
Sang Pamarta wus manjalma ngrembat salir dosa,
nyirnakken antaka sagung bangsa asung puja.
3
Kaslametan wit sih rahmat sinungken mring jagad,
Kristus prapta mbabar tresna temah tentrem rarja
rukun trusing driya salir titah muji Allah.
4
Warta adya tuhu warta sing Allah Matresna
Kristus Gusti mbikak swargi begja tyang pracaya
sinung gesang nyata yogya tansah den undhangna
Referensi Aransemen :
KPKA 243

Cross Reff :
KPJ 230 KJ 119 MK 76 KK 176 KPPK 88 PPK 48 NP 59 NKI 44
KPKA 242KPKA 244