1
Pamuji mring Gusti kang trusing ati
ing dinten riyadi natal puniki
prihatosing driya ginantos bingah,
kuwatosing donya sirna wit berkah.
2
Pamuji tan kendhat mring Kang Murbengrat,
kang paring sih rahmat tumrah mring jagad,
nggesangken tyang semplah mrih nglawan pati,
ngiyatken tyang lungkrah mrih gesang suci.
3
Pepujen panggunggung konjuk Kang Magung,
kang ngutus Sang Putra dadya Pamarta,
nucekken manungsa sung gesang yekti,
nuntun tyang pracaya setya ngabekti.
4
Pepujen kang tulus konjuk Sang Kristus,
sing dhamparing swarga tedhak manjalma,
nuladhani kita wah sagung titah,
nandukken sih tresna dalah mring mengsah.