Kidung
KPKA 24 Panggunggung Konjuk Mring Gusti
Jml bait: 0
KPKA 23KPKA 25
1
Swawi prakanca kang sami pracaya
Den sora sora angalembana
mring Gusti kita kang Maha wilasa.
2
Sihing Pangeran mring kita pra umat,
tanpa wilangan wah tanpa kendhat,
yogya pinuji lan pinundhi-pundhi.
3
Kita tyang dosa nging Allah ngaksama,
krana Kang Putra sinalib seda,
wit sihing Gusti kita dados suci.
4
Sihing Pangeran yogya den timbangi,
srana kasetyan tresna wah bekti,
nyaosken badan dados kurban gesang.
5
Swawi pra suci temen anglampahi,
prentahing Gusti, Gusti prajanji, tansah nulungi
srana Sang Roh Suci.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 149
KPKA 23KPKA 25