Kidung
KPKA 23 Tansah Saos Sokur Mring Gusti
Jml bait: 0
KPKA 22KPKA 24
1
Kula ngaturken sembah bekti de Gusti tansah mberkahi,
sadinten-dinten nambut kardi kanthi temen lan taberi,
abot entheng datan nggresula leladi kang trusing driya,
wohe rejeki sing Ma luhur tinampi lan puji sokur.
2
Kula memuji datan kendhat mring sihe Allah murbeng rat,
wanci enjing surya sumunar mulyaning alam ginelar,
tetuwuhan mawarni-warni wah kewan ngebaki bumi,
sing tilem ngaso kula tangi nindakken karsaning Gusti.
3
Kula ngluhurken mring Pangeran kang tansah ngganjar kabegjan,
ing dalu peteng lelimengan wah abyor lintang rembulan,
kula tilem ngaso myang lena nging astane Gusti ngreksa,
kula mesthi manggih wilujeng wah ing manah ayem tentrem.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 111
KPKA 22KPKA 24