Kidung
KPKA 22 Kasampurnanipun Gusti
Jml bait: 0
KPKA 21KPKA 23
1
Kula nggunggung-nggunggung Gusti
sesembahan kula sejati, tanpa cela sestu suci,
sabdanya dados panutan, tindaknya dados patuladhan,
tyang ngupados kayektosan
suyud mring Sang Rama, nglabuhi manungsa,
wit tresnanya trusing driya tulusnyata, rila ngurbanken sriranya.
2
Gusti ngundhangken pawarta luwarira
tyang miskin papa, sing sangsara mrih raharja,
nggih pangentasan sanyata kang tinindhes lan kinunjara,
pulih harkat martabatnya, tyang kang nandhang raga
samya den sarasna, wah mbabama tahun yobel taun adya,
nggih sih rahmating Sang Rama.
3
Duk Gusti siniya-siya,
siniksa lan sinalib seda, tan males srana piala,
mring tyang kang sengit mengsahi malah winales tresna yekti,
kadongakna mrih basuki,
Yesus Gusti kula manungsa sampuma;
nyantosakna greja dalah tyang pracaya,
nulad ing kasampurnannya.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 65
KPKA 21KPKA 23