Kidung
KPKA 219 Warta Kabegjan
Jml bait: 0
KPKA 218KPKA 220
1
Pra pangon kang winartan agung begja sing swarga sami kaeraman
saestu bingah ing manah de nyata wartanya Kristus sampun prapta.
2
Gumeter wit padhang mulya sakala sumunar, ing dalu punika,
nelakken tedhaking padhang sing swarga mring donya, jer Kristus wus prapta.
3
Gya bidhal mundhi dhawuhnya sanyata ing kandhang, Sang Timur pinanggya,
sawusnya sungkem ngabekti mring Allah memuji. wit Kristus wus prapti
4
Pra pangon sigra wewarta salir kang winartan, sami kaeraman,
wit kebabaring kabegjan mring )agad warata, de Kristus wus prapta.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 63 KPJ 240
KPKA 218KPKA 220