1
Gusti nimbali pra lare mrih sowan
mesthi binerkahan sinung kraharjan
de pra lare kang tuhu ing pracaya
yeku ingkang darbe Kratoning swarga
Reff
dhuh Gusti samangkya sowan
kawula nyaosaken yoga dhateng Paduka.
2
Gusti nimbali pra lare mrih sowan
nggih samya dados putraning prasetyan
de pra tyang sepuh kedah nggulawenthah
nenuntun lare karem sabdeng Allah
3
Gusti nimbali pra lare mrih sowan
dados gegelitaning pasamuwan
leladi mrih greja tuwuh ngrembaka
wah bebrayan tansah tentrem raharja