Kidung
KPKA 206 Baptisipun Lare Alit
Jml bait: 0
KPKA 205KPKA 207
1
Dhuh Rama mugi ngluberna berkah wonten ing satengahing pasamuwan,
dalah para anak kawula sowan nampeni prasetyanipun Allah.
2
Pasamuwan kadadosken suci wonten ing Asmaning Rama ing Swargi
pra lare ugi dados tyang piniji wah pinaringan gesang sayekti.
3
Sang Roh Suci wah sabda Paduka nuntun pra lare manteb ing pracaya
wit dosanya wus linebur binirat gesang mursid yekti wit sih rahmat.
4
Pra lare nggih misungsungken gesang de wus dados putreng Allah Pangeran
mbabarken tresna nyebar karaharjan leladi mring greja lan bebrayan.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
NR 87 KPJ 324 KPJ 300
KPKA 205KPKA 207