Kidung
KPKA 205 Baptis Lare
Jml bait: 0
KPKA 204KPKA 206
1
Gusti Yesus kula sami nyaosken lare alit
mugi Gusti maringana pratandhaning sih rahmat.
2
Mugi Gusti njurungana ing pandonga kawula,
anak kula lestantuna dadosa kagunganta.
3
Anak kula agengira dadosa tyang utami,
lestantuna angsala sih sing Gusti wah sesami.
4
Mugi Gusti mitulungi kula tyang sepuhira,
kasagedna mulang yoga tansah bekti mring Gusti.
5
Gusti seda krana kula nggih krana anak kula,
sagung dosa ingaksama sami pinundhut putra.
6
Baptis suci mratandhani sih Paduka dhuh Gusti,
kang njalari gesang suci yeku anyaring budi.
Referensi Aransemen :
KPKA 205

Cross Reff :
KPK 99 KPK 100 KJ 25 NR 139 KP 44 KPK 126 KP 83
KPKA 204KPKA 206