Kidung
KPKA 197 Kembul Bujana Suci
Jml bait: 0
KPKA 196KPKA 198
1
Kula sami sesarengan kembul bujana suci
yeku pratandhaning kurban nggih kurbanipun Gusti
roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya
2
Bujana suci puniki sesengkeraning Gusti,
ingkang den agem sarana ngrimat pitados kula,
temahan saged ngarosken tentrem rahayu langgeng.
3
Kembul ing bujana suci martosken sihing Gusti,
denya anglampahi seda dados panebus kula,
samangke kita nekseni dimen jagad ngugemi.
4
Mila kang sawiyah-wiyah tan pantes pisowannya,
kedah kanthi panalangsa nggetuni dosanira,
kalayan manteb ing manah ajrih asih mring Allah.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
NR 90
KPKA 196KPKA 198