Kidung
KPKA 196 Sabdanipun Allah
Jml bait: 0
KPKA 195KPKA 197
1
Sabdaning Allah Hyang Widi yeku kitab suci
panuntuning gung manungsa mring lampah utama
wah mbereg mring pitobat tyang ngorong sih rahmat
nglipur manah kang sisah ngiyatken kang semplah
2
Mugi sabdanipun Gusti sinerat ing ati,
budi saya mindhak murni wit rehing Roh Suci,
tresna mring mengsah ugi wah dhateng sesami,
mbabar bebener nyata wah tentrem raharja.
3
Sabdeng Allah Maha tresna den undhangna wrata,
winulangna dhateng brayat lan grengsenging tekad,
ing dalu, enjing, siang mrih tuwuhing iman,
tansah setya ngabekti klayan trusing ati.
 
Referensi Aransemen :
KPKA 196

Cross Reff :
NR 84 KJ 54 KK 358 BE 279 KPJ 195
KPKA 195KPKA 197