Kidung
KPKA 193 Mung Sawiji Kabegjan Sejati
Jml bait: 0
KPKA 192KPKA 194
1
Lamun lampah kula neng padhanging sabda kula bingah wah suka rena,
Kula yakin estu Gusti nuntun temtu mring tyang kang pitados satuhu
Mung sawiji kabegjan sejati nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti
2
Yen peteng ing manah kabidhung ing susah kula enggal nilingken sabda,
uwas myang kuwatir mesthi gya sumingkir, angger pasrah ngayom ing sihnya
Mung sawiji kabegjan sejati nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti
3
Iba begja kula sajroning panggodha kiniyatken dening sabdanya,
rineksa tan dhawah wah tan ngantos lesah, wit saking sih rahmating Allah
Mung sawiji kabegjan sejati nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti
Referensi Aransemen :
KPKA 192KPKA 194