Kidung
KPKA 175 Tiyang Rahayu
Jml bait: 0
KPKA 174KPKA 176
1
Rahayu kang mlarat budi witdarbe Kraton swargi
rahayu tyang kang prihati wit nampeni panglipur yekti
Sang Kristus Guru sejati sabdanya den lampahi
Yoga den tut wuria prentahnya den estokna
2
Rahayu tyang alus budi nggih kang marisi bumi
kang luwe mring kasampurnan nggih mesthi badhe katuwukan
3
Rahayu tyang kang welasan wit tinresnan Pangeran
salir tyang resik ing manah kepareng sowan ngarseng Allah
4
Rahayu tyang kang ngrukunken yeku pra putreng Allah
kang kinuya wit kayekten yeku kang darbe kraton swarga
5
Rahayu kang den pitenah krana bekti mring Allah
tansah mbangun turut Gusti ngudi ing gesang mursid yekti
Referensi Aransemen :
KPKA 174KPKA 176