Kidung
KPKA 169 Sumarah Mring Allah
Nearer. My God, to Thee
Jml bait: 0
Style: FinalWaltz
KPKA 168KPKA 170
1
Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa astanya tansah begja
yen rinoban sisah manah datan lesah sinung kakiyatan sing Pangeran.
2
Sumarah mring Allah jiwa raga, mbangun turut Gusti trusing ati,
yen ginoda dosa binujuk duraka, kekah sarta setya ing pracaya.
3
Sumarah mring Allah jiwa raga, rinoban ing berkah ayem nyata,
yen nyanggi momotan dalasan panandhang, mesthi den luwari dening Gusti.
4
Sumarah mring Allah jiwa raga, rinimat, rineksa ing sih mirma,
yen ingarah pati wit bebener yekti, manteb dugeng janji Gusti nganthi.
5
Sumarah mring Allah jiwa raga, tinuntun ing sabda dugeng swarga,
yen wonten bilai wah miris ing ati, sinung lipur yekti sing Roh Suci.
Referensi Aransemen :
KPKA 169

Cross Reff :
KPS 144 KPJ 442

Reff Style : FinalWaltz ; MM 0
KPKA 168KPKA 170