Kidung
KPKA 168 Ndedonga Lan Makarya
Jml bait: 0
KPKA 167KPKA 169
1
Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami
murih tentrem raharja sumrambah sadonya asmanya kang Mamulya pinuji slaminya.
2
Ndedonga lan makarya kanthi sukarena, martosken Injil suci wrata ing sabumi,
mrih sih rahmating Gusti tinampi sesami, temah samya wilujeng sarta gesang langgeng.
3
Ndedonga lan makarya mrih tansah waspada, yen tinempuh panggodha tan gumiwang tiba,
manggul salib wit Gusti manut ing prentahnya, tansah setya ngabekti lan manteb pracaya.
Referensi Aransemen :
KPKA 168

Cross Reff :
KPJ 346a KPS 129
KPKA 167KPKA 169