1
Ora et labora ndedonga makarya yeku sesantinya sagung tyang pracaya
mbangun jagad donya temah gesang raharja Ora et labora ndedonga ma karya.
2
Ora et labora ndedonga makarya mbangun nagri-praja, nusa sarta bangsa
Gusti ingkang nganthi lelabet trusing ati Ora et labora ndedonga makarya.
3
Ora et labora ndedonga makarya ngladosi sesami wit tresna sayekti
nyirnaken panandhang wah mbrastha kasangsaran Ora et labora ndedonga makarya.
4
Ora et labora ndedonga makarya mbelani sesami mrih gesang basuki
ngudi kaadilan bener wah kajujuran Ora et labora ndedonga makarya.