Kidung
KPKA 165 Jatining Katresnan
Jml bait: 0
KPKA 164KPKA 166
1
Lamun kula anglampahi tindak luhur mulya
nging yen tanpa tresna yekti muspra tanpa gina
kula winulanga tansah lampah tresna lelabet sesami nulad tindaking Gusti
kula winulanga tresna trusing ati nggih nuladha tindaking Gusti.
2
Lamun kula angucapna gung basa ing donya,
nging yen sepi ing katresnan lir gong bendhe ngangkang,
3
Lamun kula andanakna bandha dalah nyawa,
nging mung krana tuhu tresna pituwase nyata,
4
Tresna iku sepi pamrih wah luber ing budi,
tan gumunggung lembah manah tansah andum berkah,
5
Tresna iku sabar drana tulus angapura,
tepa slira wah jatmika myang lampah utami,
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPS 99 KPJ 345
KPKA 164KPKA 166