Kidung
KPKA 163 Pitobat
Jml bait: 0
KPKA 162KPKA 164
1
Biyen nglirwakake sabdaning Gusti
mung karepe dhewe kang dituruti
samangkya mratobat nampi sih rahmat
migatosken tansah karsaning Allah
mring Yesus Pamarta pasrah jiwa raga
sinung gesang yekti unggul sing pati.
2
Biyen nggunggung dhiri mburu kadonyan,
tan nggape mring Gusti nyingkur kaswargan,
mangkya anoraga ngendelken Gusti,
mempeng nggayuh swarga mbabar sih yekti,
3
Biyen urip mblunthah mursal ing lampah,
nguja hawa raga manut ing dosa,
mangkya mesu budi ing lampah suci,
martosken Injilnya maring pepadha,
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPS 74
KPKA 162KPKA 164