1
Tyang kang pracaya tetep waluya yen nunggil Sang Pamarta
lir pang datan alum lamun tetep ing wit ira
tyang kang tansah manut rehing Gusti mung kabegjan kang pi nanggya
bi nerkahan rinten lan ratri rineksa astanya.
2
Salir pra suci tuwuh basuki yen tan pegat lan Gusti,
lir pang kang medal wohira yen tan pisah witnya,
3
Tyang kang pracaya badhe sampurna karana Sang Pamarta,
lir pang kang kathah wohira mung karana witnya,
4
Tyang kang pracaya nging tanpa laku mesthi manggih bebendu,
lir pang kang tan ana wohnya pinagas dyan sima,