1
Gusti nuntun lampah kula saklangkung nggen kula begja
celak miwah tebih ugi tansah dipun kanthi Gusti
nggih Gusti kang nganthi kula astanya pyambak kang ngreksa
mila kula manut Gusti kang dados Panebus yekti.
2
Dadosa ing wanci siyang, punapa kesaput ratri,
manah peteng miwah padhang, kula tansah dipun kanthi,
3
Gusti nuntun kula pasrah, klayan nrimah ing satitah,
nadyan ngantos dugeng janji, kula tansah dipun kanthi,