1
Aku tan nate mangerti kapan begja cilaka
mung tansah pasrah mring Gusti yeku Pamarta setya
manteb pracaya ing ati manut reh lan sabdaNya
tinuntun dumugeng swargi ing kasampurnan nyata.
2
Aku asring tan mangerti karseng Allah Makwasa,
donga panyuwuning ati tan kajurungan nulya,
nging yektine Gusti nganthi astanya tansah ngreksa,
wit panuntuning Roh Suci kasoran rehing dosa.
3
Nasibku ing rehing Gusti tan ana pangreh liya,
kasarasan lan rejeki imbuhing sih nugraha,
rancangan tinata tliti pratandhaning pracaya,
aku tan kwatir tan wedi mung begja kang pinanggya.