1
Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru basuki
wit sih tresnanya mring sagung manungsa
ngantos ngurbanken sriranira mila tyang kang pracaya
sinungan gesang nyata wah tentrem raharja.
2
Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru Basuki,
sabdanya yekti kebak ing pangwasa
nggih sabdaning Allah pribadya tyang kang manut lan setya
ing gesangira mung kabegjan kang pinanggya.
3
Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru Basuki,
panunggil lan panuntuning pangrehnya
sestu sung santosaning driya tyang pracaya sumarah
sinung ayem ing manah wah tan nate semplah.