1
Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci
Allah Maha mulya kang jumeneng Raja,
suci suci suci pinundhi Hyang Widi
titah sadaya bra muji samya.
2
Suci, suci, suci pujining pra suci
angumandhang sora ngebeki akasa,
pra mlaekat sami sujud angabekti,
ngidung tan kendhat mring Kang Mengkurat.
3
Suci, suci, suci, Allah Mahasuci
gumuruhing kidung nggunggung-nggunggung Gusti,
tetalesing bumi gonjing dening puji,
pra makluk wrata girang memuji.
4
Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti,
anglairken srira tumedhak mring donya,
nucekken manungsa kang pitados yekti,
yogya pinuji langgeng slaminya.