Kidung
KPKA 139 Mugi Gusti Angutus Utusan
Jml bait: 0
KPKA 138KPKA 140
1
Mugi Gusti karsa angutus utusan kados duk kinanipun
ingkang ngemban sabdaning Allah lan martosken sih piwelasipun
supados tyang salumahing bumi sami nampia Injiling Gusti.
2
Mugi Gusti ngutus pra abdi sembada lan setya sami nyebar,
pawartosing kawilujengan mring salumahing bumi gumelar,
supados tyang sami pitadosa, temah ngraosken tentrem raharja.
3
Mugi Gusti madhangi manah kang peteng wit pamengkuning dosa,
temahan pra tiyang kang wangkot lan kang kawengku ing gugon tuhon,
mratobata pitados mring Gusti klayan bingah asmane pinuji.
Referensi Aransemen :
KPKA 139

Cross Reff :
KPK 90
KPKA 138KPKA 140