1
Neng are wah neng gunung, mung neng ngarseng Allah
aneng ngendi dumunung nggih pinanggya tansah
endi kang dadi cipta lan osiking ati .
kapirsanan sadaya ing Allah Hyang Widi.
2
Mung Gusti kang Makwasa mengku samubarang,
salir tyang kang pracaya mesthi tinulungan,
manuk ing awang-awang Allah kang ngingoni,
suket lan thethukulan wrata den paesi.
3
Bumi dalasan swarga winengku Pangeran,
jasad gedhe cilika Allah tan klimengan,
sawernaning pra titah sajagad warata,
namung nelakken tansah piwlas lan kwasanya.
4
Wong pracaya den ayem tansah kumandela,
neng padhang lan neng peteng Allah tansah ngreksa,
yen kabotan momotan siningkang ing kadang,
Gustimu nunggil tansah dipanggah ywa semplah.