Kidung
KPKA 134 Aja Adigang, Adigung, Adiguna
Jml bait: 0
KPKA 133KPKA 135
1
Saliring tyang adigang mung nyebar panandhang
wateknya kamitegan nindhes mring sanes tyang
pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti
nging tyang tresna satuhu gesang yekti (2X).
2
Salir tyang adigung mung nandur sangsara
remen umuk gumunggung ngina mring pepadha
mesthi ngundhuh antaka wit adiling Allah
nging tyang kang andhap asor sinung berkah (2X).
3
Salir tyang adiguna mung ndhedher cilaka
nganggep Allah tan ana sabdanya mung nglaha
nggih panen karisakan dukaning Pangeran
nging tyang ajrih sih Allah kinasihan (2X).
4
Tyang kang ngendelken dhiri mung ngingah bilai
ngangah-angah kadonyan gesangnya lir kewan
pikolehnya mung pati wah gesang ing peteng
tyang ngandel Kristus Gusti rarja langgeng (2X).
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
NR 163
KPKA 133KPKA 135